Sugeng Rawuh

Home Refinance Loanpamartajawa ayo-ayo samya udhu "wiji" klungsu, dhudhah-dhudhah budaya jawa, jajag-jajag kedhunge basa, pawitan suku jaja ateken janggut, pawadan sregep tinon lan takon, cukla-cukli mbremana sandhi, pancadan sumarah manembah mring kersane Hyang Widhi Wasesa. dimen lestari jiwa jawi wani anjawani anjarwani...

Readmore

Sugeng Rawuh Sanggar Sastra Jawa, Ketoprak, Wayang, Pranatacara, paes lan tari, Yudhistira 5, Banguntapan, Bantul, Ngayogyakarta....

Readmore

Urip Sejati, Sejati Urip Urip iku rasa, rasa iku urip, urip tanpa rasa iku reca. wira wiri ora rumangsa wirang karana wus ilang rasane den samudana ora krasa, direrepa ora rumangsa, disendhu ora digugu, dipenggak nyangkal tenggak, digatra sansaya ndadra Atine tan tanggap, esmune sepi ing sasmita, meguguk mangutha waton, mbondhan tanpa ratu watake pekok tan kena ginepok alok, sikepe mbedhug boten kinukup ing gludhug

Readmore

Kamis, 29 Oktober 2009

0
geseh, gesek, gosok, gisiking gesik wesi


Ngonceki perkara gesik wesi pepak isen-isene, gumantung kawawas saka ering ngendi lan sapa kang paring pamawas. Wah, gayeng gumrenggeng lir laler mengeng pra winasis warga_milis_kulonprogo samya paring wacana, pratitis tanpa sisip pretung tan sembir ing kasujanan, pangkat-pangkat pepak sinaru latar wingking kasarjanan kebak ngelmu kasantikan. Menawa di klumpukake banjur ditintingi, satemene pirembagan utawa wacana mau gembleng lan kempel yaiku kadiparan ngrukti gesik wesi ing kisik Trisik iku kanggo nggayuh murih Kulon Progo rejo. Ora ana penemu kang nylekethe ngece-ece, pancen ana siji loro kang nylekit ngigit-igit nanging kabeh penemu isih ka suh dening wewaton lan katraju kanthi atur kang wasis tinata ing basa kang kebak suba-sita. Mungguh ana penerbit kang kersa mbudheli bab oncek-oncekan gesik wesi kang kababari ing milis warga kulonprogo iki, banjur kacithak dadi kitab mesthi bakal dadi poking kawruh kang migunani ing tembe wuri. 

Sanggit geseh, gesek, gosok, gisiking gesik wesi, mesthi wae atur pamawas saka pehak investor otot bebayune kawedal beda kaliyan ature priyagung sing netral lan ora duwe pengarep-arep bebathen gedhe, apa meneh menawa kajajarake kalayan para kadang tani PPLP sing jarene bakal tuna rugi kepaten panguripane. Emane ing plataran PEMKAB KP 20/10/09 nalika kaadanan publik hearing beda penemu mau malah dadi derdah merga geseh kena gesekan lan gosokan kahanan, kahanan pertarungan kepentingan sing komplit, sengit tur sangit. Apa maneh, ora ana kang wani seleh menawa salah, kabeh rumangsa bener kamangka durung karowan pener. PEMKAB clingus lir satriya wirang rembug klesak-klesik ora padhang-padhangan, pantes menawa saiki kajentus ing tawang kesandhung ing rata, PPLP kebrongot atine kurang nalar budi menep keburu nggaglak balung kothong tanpa isi mbelani siti sing dudu duweke pribadi, Investore mbingungi kaya mBilung kelangan sarung, kalimput ing pangimpen etung-etungan bebathen, kurang prigel lan wekel ngudi tuwuh ”kena iwak-e aja nganti buthek banyune” merga salah milih wuwu, ora ana lakon wayang Sumantri ngenger Durna, apa meneh kekancan bala Burisrawa, bareng bundhet dalane karepe nyalahke dhalange. 

Iwang sukmana Hong Bawana Langgeng, mugya kacandhet lelampahan Gesik Wesi ing ”episode” ri kalenggahan puniki, sedaya kepareng lereh manungkul sawatawis, para pehak ingkang wanuh ing kawruh samya tata-tata, nglempakaen sangu, ancang-ancang, cecawisan, kangge pepanggihan ing lampahan salajengipun, lampahan ingkang kebak suka basuki, adil, bener lan pener, tebih saking cidra sujana lan cintraka karana namung rebut menang kewala. Nuwun

Tancep Kayon, 

Salam budaya
Kjg-


kijogogati.blogspot.com