Sugeng Rawuh

Home Refinance Loanpamartajawa ayo-ayo samya udhu "wiji" klungsu, dhudhah-dhudhah budaya jawa, jajag-jajag kedhunge basa, pawitan suku jaja ateken janggut, pawadan sregep tinon lan takon, cukla-cukli mbremana sandhi, pancadan sumarah manembah mring kersane Hyang Widhi Wasesa. dimen lestari jiwa jawi wani anjawani anjarwani...

Readmore

Sugeng Rawuh Sanggar Sastra Jawa, Ketoprak, Wayang, Pranatacara, paes lan tari, Yudhistira 5, Banguntapan, Bantul, Ngayogyakarta....

Readmore

Urip Sejati, Sejati Urip Urip iku rasa, rasa iku urip, urip tanpa rasa iku reca. wira wiri ora rumangsa wirang karana wus ilang rasane den samudana ora krasa, direrepa ora rumangsa, disendhu ora digugu, dipenggak nyangkal tenggak, digatra sansaya ndadra Atine tan tanggap, esmune sepi ing sasmita, meguguk mangutha waton, mbondhan tanpa ratu watake pekok tan kena ginepok alok, sikepe mbedhug boten kinukup ing gludhug

Readmore

Rabu, 11 Februari 2009

Hong wilaheng...


Binarung pletheking Sang Hyang Pratangga Pati,
sinawung maruta sumaruna kang tumiyup ririh tanpa
pepoyan nggondhol rujiting nala kapang-kapang
saparan-paran mangambar kongas. Mugiya kekidungan
pamuji winantu rahayu tansah konjuk mring pra kadang
sami, miwah j@wa ingkang meh ngancik dasa warsi,
katidha kalingga murda sumrambah sumarah mring pepujan
jati, agesang sejati Hyang Widi Mha Suci.

Sirep reseping sepi ing j@wa mriki, swawi
sinesep-sesep sisaning kandha lan sabda, saha den
rerepa gendhing eling-eling lelangen guyon gumyak
asuka suka kapiarsa linangkung kadya japa mantra wirid
donga, tebih saking raos kacuwan hanamung
pangigit-igit prentuling nala rena, sundhul sawab
berkah suwuk kanugrahan, wimbuh pangangen-angen,
kangen, Oh Jawaku oh Jawamu, Jawa kita kabeh.

Kepareng hambuka biwara saking Ngayoja, sinung kala
sapantha hasta brata awarna gunung suwung wang-wung,
pra sudi hamarapi kinaran redi Merapi, nun inggih ri
kalenggahan puniki jaya-jaya kondhang kaonang
nglangkungi selebriti, kalamangsa nembe gerah- sayah,
rimah-rimah lebda sesorah amarah, susah, lhaadalah!

boten kaduga boten kanyana menawi langkung saking
udakawis sedasa warsa kepengker sinaos rinaos
geter-gemeter suku kula tanpa klamit kumawantun midak
pucuking redi merapi, mrambat-mrambat kebat kliwat
anglelirwa jiwa, mbirat raos ajrih mring wilalating
bilahi, sayektosipun dede kurda nepak jaja,
ngoglengaken jangga umuk kemewat kuwating raga,
ananging hanamung nututi krenteging ati samenir nodhi
pepinginan sagiri, mersudi ngelmi alaming siwi
ndhedhepe aleming gati, ngupadi ayeming pribadi.

Dhaweg wak mami, menawi pikantuk, mugi pikantuka
ngelmi pepanthan hasta brata, megegeg anteng sugih
jeneng, datan menter katrajang bayu bajra, andhaplang
pindha Puncak Garuda, dereng!.

Namung sawetawis pamawas sowang-sowang endahing Merapi
kala semanten benten kaliyan swasana puniki.
Dinten niki, Merapi kaaniaya, geneya sedaya samya
anggege mangsa punapa murih saget lelumban surak mrata
hambata rubuh sinambi ningali kasangsaraning sesami?
sansaya tipis watesipun bencana kaliyan pahargyan,
Hamarapi, Merapi sansaya nyalawadi.

Nuwun,16।5।06. 10.30 wib
(Kaserat sedasa dinten saderingipun kadadosan Lindhu ageng
ing Ngayogyakarta, 27 Mei 2006)
Plengkung Gadhing

sauruting margi laksitaning wanci
yen awan kepanggang wengis
yen ratri sepi lamis
lenggahnya kesiku, kesaru
katali godhi mbeguguk ngutho waton
wingi uni wis dadi pesthen,
dina iki dadi pasren,
sesuk mung dadi impen.
Pancen.

Ilang salwiring walat welat
wirid japa mantra gung
sisip sembir kamiseseten.
gawar kentheng rante lawe
ngundha anglong, cinancang
ing wengku pengangen-angen.

Tebane mung alun-alun pengkeran
kumarane kajantur tanpa pocapan.

panggah,
Lengkunge memba lurung
taberi larung-larung
samubarang sing kedlarung,
dadi ilen-ilen tumetesing waspa
wuyung layung-layung.


Plengkung Gadhing, 24 September 2002.
KJG-

Kamis, 05 Februari 2009

न्गयोजा कला मंग्सा
Ngayoja Kala Mangsa Beda

nJangkepi kandha hambuka wiwara, nyebar warta kepareng
atur sawetawis werda menggah kawontenan Ngayoja ing
titi kala puniki.

Nun inggih, sesarengan ngajengaken Garebeg Maulid Nabi
Muhamad SAW 1430 H, sampun lumaksita sawetawis wekdal kawiwitan 30 Januari 2009 kapengeker ing Alun-alun Ler Kraton Ngayogyakarta kagelar Pasar Malam Perayaan Sekaten (PMPS) kanthi mendhet irah-irahan "Dengan Perayaan Sekaten 2009 Kita Perkokoh Semangat Persatuan dan Kesatuan dalam Berkarya Nyata Membangun Kota Yogyakarta"

Miterat pangarsaning panitya jarwaning irah-irahan sawau Sekaten kaangkah minangka umpaking amangun agami saha ritual budaya,sampun ngantos sekaten nggiwar saking ancas lan tujuwan minaggka warisan budaya ingkang kebak paugeran luhur, "nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake" kadidene duking uni pra Wali ngronce sekaten minangka media dakwah

Rerangkening PMPS 2009, Ketingal gebyar-gebyar, soroting lampu
sinawang saking mandrawa kadya sunaring kartika neba.
Alun-alun saestu benten kaliyan dunung wangunipun
sakawit minangka papan wingit. Alun-alun ingkang
kasumadyaaken minangka papan "tapa pepe", ngore-ore
hangrantu rereping paseban njawi ing wekdal samangke
sampun malik grembyang dados papan hamiyak gumyak
suka-suka kebak sesawangan endah maneka warni.

Para sudagar ahli dagang saking pundi pundi papan samya
mlumpuk gapruk sora rebut unggul tawa-tawa
daganganipun. Pepak andher nggennya tata dedagangan
tumpang tritis, adu dhengkul, jejel riyel sesimpingan
sisih-sisihan, sinawung para rwuh lan pamirsa ingkang
ilir mendah lur tan ana kendhate. PMPS 2009 ing wanci
dalu, lumer gumer-gumer, dhedhak menir siti sewu
makempal samya hamanggihaken rasa, pendah sata manggih
krama.

Sawetawis gegambaran ribet, ruwet, ramenipun PMPS 2009
saget kangge gegambaran saha lelimbangan menggah
makna, ancas lan tujuwan Sekatenan ingkang
satahunipun. Ewasemanten PMPS 2009 samangke kasumanggaaken
dhumateng sadhengah para lebda, winasis, saha
pangembating praja, mugi kersa paring pambiji kanthi
pratitis, sumela kawicaksanan jangkep, matemah PMPS 2009
tetep hanggung paramarta mahanani reja, dados
papan pariwisata raga lan jiwa, tanpa lirwa ugi saget
kangge papan pangupa jiwa.

Nuwun.

NGayoja, 5 Februari 2009
Kijoogo Nonton Sekaten

Selasa, 03 Februari 2009

Sambarabdhura-Manohara

hongilaheng, awigna mastu purnama sidham...
Lampahing kampuh manohara ing altar asobdya mangiring pasugatan sendratari "Mahakarya Borobudur" srumuwus lebda sinampur ganda marganda rum lir bale marcukundha tinata hamawur kembang cempaka cahya nur chaya swasana kinanthi lebda wiwaha andrawina, mangesthi hastuning pepuja kalbu mangayu-ayu- manguyu-uyu, suka-suka karana karenan ing mardi siwi.

Saestu eca datan rinaos sekeca kula kumalungkung kumawantun jajar hamrabu panjenenganipun ShanonHsieh-Heng Lee, Van Jeng, Ken Wu, Chen, saha AntonioTavares, para narendra jawara ingkang pantes pinunjung segahan sedhah kinang pakurmatan. Wimbuh dhasar Sang Hyang Pratanggapati wus ngancik wanci surup, memanonira gya sumusup bantala, larap-larap sumilir anglalir lampahing maruta, sawatawis sepining sepen mengeng kapenggak ungeling gendhing Sri Rahayu saha Ketawang Puspawarna pratandha hadicara pawiwahan sampun binuka.

Panggeng-panggung- panggunggung sewu soca runtut obahing kandha, kandha manut lakuning carita, carita tumuju pesthining jarwa. "Mahakarya Borobudur" sigrabinabar, repepeh-repepeh jantraning suku pra bedayan seblak sampur lengkung bengkung, hanglengkeh ing lengkehing Boro-Budur, keplok binarung kaliyan sigraking pra pradangga ngolah lokananta, sinawang saking mandrawa pindha swarga loka tinarub janur sotya.......

..Sinebat ing adicara kinocap dening pranata kandha bilih para paraga among beksa "Mahakarya Borobudur" saking STSI Surakarta sinengkuyung Paguyuban Seniman-seniwati kanan kering Borobudur.
Wau ta beksan sampun pinacak simping anraju, tumapak kapijisiji-siji hanjala niti mecaki sadawaning margi, anglela paring sugata ameng-ameng ngenggar-enggar landheping panggraita, solahing bawa angendanu olahing rasa pangrasa, eling jaman Syailendra nun lelangen lelangunan ing pojoking netra nalika Sang Prabu Smaratungga kadherekaaken Gunadharma gya amiwiti amangun wewangunan Borobudurnaminya.

Methik carita, munggel adeging beksan Mahakarya Borobudur, swawi kacarita sela gilang ginotong robyong-robyong saking redi malela, mawrata kandha menawa Sang Raja jaman iku sinuyudan mring kawuladasih, kacihna sedaya kawula tumandhang grayang kanthi suka tanpa tinandhingan panjelih sedih.
Karana adeging Borobudur linambaran bebatur atosing balung wuleting kulit, geter pangolahing rasa laku mrawira, japa mantra donga sakamat tan kendhat kinelun kukusing dupa maneges mring Hyang Sukma kawekas, pramila limrah menawi cakriking Borobudur kRata Penuhaton weweg wingit, mrebawani lir sinanggulan makutha, elok adi, anggeganda rum dumugi nagri Rum malah sasapaa alok menawi esti mangambar-ambar makantar-kantar warata ing saindenging bawana.

Murba wibawa pantes Borobudurkukuh sinengguh jinara menter dados paseksen mubeng-mingering kahanan donya wus langkung saking dwi abad laminya..... ..

Borobudur, 30-Agustus 2006
Risang Jogogati

0
Mijil Wengi Mangsa Kapurnaman

Wengi iku aku cukla-cukli nedya ngetutake jumangkahingsuku saparan-paran,
sineret kareping rasa kepingin dhedhepe nglesot ngresepi tawang
nyawang sunaring Rembulan Kapurnaman. "tinimbang turu sore, kaki"

Ing ereng-erenging pareden kae, sapa tambuh-sapawanuh,
menawa ta ana warih wangi mancur hangambar,
bening satiti wantah satitah, tinata satata sarwa-sarwi prasaja,
kamangka sajatine iku panti ngulir budi nggayuh basuki.
"Menawa kepingin weruh merema,
Kalamun harsa sumurub urubing tirta, kendhalenana talining mega"

Aku banjur ngendhegake jumangkahing suku,
nata ilining sedya, gya antut malebeng karsa, nyawiji ing rasa.
Sawetawis swasana sepi nglangut, angayut tumiyuping maruta anglalir
lelering ilir-ilir sinekar kanthi maneges,
manekung puja nothok kori karahayon,
mbikak ineping gebyog wiyar: Kaluhuran.
"Sepi iku resepana sanajan sepa sapanen suwunen sawabe
dimen kantuk kasusantane sang taya"

Kamangka aku mung udhu klungsu,
pangoting panggraita wus suwe kethul,
apa maneh pancen aku durung tekan undhak-undhakan Tuwa,
tuwangga tuwuh wawasane, bisa tumanggaping wacana, tumuju waluya Nyata.

Pirembagan imbal wacana sansaya dalu ngancik parak enjang,
sansaya regeng gumrenggeng pindha laler mengeng.
Kawedal Pangandikan kang bangkit mbangun rasa manembah
mring GUSTI ALLAH, kapireng pangandikan kang bangkit mbangun rasa Mulya,
kapiarsa pangandikan kang sinung bobot, boboting pangandikan dumunung ing bibiting basa,
kang sinurung ROSO RESEP."kalamun harsa mblebesake rasa, jajag-jajag kedhungebasa"
............ ..dhuh...

...Nun inggih binerkahan, kersaning Hyang Wenang dalu punika kula kiyat njereng soca.
Sampun ngantos wastra lungsit ing sampiran, sigra tut wuri,
sung andherek dhudhah-dhudhah, dhudhuk-dhudhuk, gugah-gugah,
yektining kautaman, NGESTHI SWASTIASTU RUMING NARPATI
Sepuh panwus pantes kalamun pupuse tansah ngidung pepujan jati bisa sepi ing nepsu,
lenggah esepi ing kewuh Sumaruna Sepi ing pamrih Karana wus karenan lereming reh Rahayu

Semanten saparan pangajeng ajeng pepintan suk kapan saget kasebat Tuwa,
tuwuh wawasane, bisa tumanggaping wacana, tumuju waluya nyata
Hawya kongsi wuta ing kawaspadan
haywa kongsi tilar tapak tumpang tindhih semu ing lena
hawya kongsi towong ing paminta dimen dhuhkita lunga tanpa pepoyan.

Lir asuku jaja ateken janggut, ukur-ukur badan sepata
jebul aku isih dumunung ing wengkoning klapa,
durung tekan sari-sarining rasa, apa maneh tekan dununging werda dadi pepadhang !!
pancen lantiping panggraitaiku pangkat-pangkat.
Nanging aku kudu nggedhegake ati,

Tliti, tlaten, Taberi ngudi, sregep neges kinarya pawitane.
Rasa iku satitah, diudi kanthi samadya, aja nganti salah kedaden dadi nefsu,
mugi katrajua kanthi rahayu.

mBadal pasilan saka panti ngulir budi,
Kapurnaman,kanyata dudu sadrema : "tinimbang turu sore", jalaran:
"turune janma arip, kalamun melek darbe melik, melok-melok harsa muluk.
turun-e wara tapa tansah ngupadi wasita adi tetep dadi tepa palupi
"mbuh suk kapan....... .

Hanenggih, katata, katiti tilas-telasing atur,
temtu kemawon anggen kula mbusanani ukara, nata basa kirang besus,
mugi kabesut salwireng lepat, duna dungkap, saha unggah-ungguhing trapsila.
Tumetesing kacuwan, dadia rerentengane kanugrahan.

Nuwun.
Kaliurang, 25 Juli 2002
Kijogogati