Sugeng Rawuh

Home Refinance Loanpamartajawa ayo-ayo samya udhu "wiji" klungsu, dhudhah-dhudhah budaya jawa, jajag-jajag kedhunge basa, pawitan suku jaja ateken janggut, pawadan sregep tinon lan takon, cukla-cukli mbremana sandhi, pancadan sumarah manembah mring kersane Hyang Widhi Wasesa. dimen lestari jiwa jawi wani anjawani anjarwani...

Readmore

Sugeng Rawuh Sanggar Sastra Jawa, Ketoprak, Wayang, Pranatacara, paes lan tari, Yudhistira 5, Banguntapan, Bantul, Ngayogyakarta....

Readmore

Urip Sejati, Sejati Urip Urip iku rasa, rasa iku urip, urip tanpa rasa iku reca. wira wiri ora rumangsa wirang karana wus ilang rasane den samudana ora krasa, direrepa ora rumangsa, disendhu ora digugu, dipenggak nyangkal tenggak, digatra sansaya ndadra Atine tan tanggap, esmune sepi ing sasmita, meguguk mangutha waton, mbondhan tanpa ratu watake pekok tan kena ginepok alok, sikepe mbedhug boten kinukup ing gludhug

Readmore

Kamis, 05 Februari 2009

न्गयोजा कला मंग्सा
Ngayoja Kala Mangsa Beda

nJangkepi kandha hambuka wiwara, nyebar warta kepareng
atur sawetawis werda menggah kawontenan Ngayoja ing
titi kala puniki.

Nun inggih, sesarengan ngajengaken Garebeg Maulid Nabi
Muhamad SAW 1430 H, sampun lumaksita sawetawis wekdal kawiwitan 30 Januari 2009 kapengeker ing Alun-alun Ler Kraton Ngayogyakarta kagelar Pasar Malam Perayaan Sekaten (PMPS) kanthi mendhet irah-irahan "Dengan Perayaan Sekaten 2009 Kita Perkokoh Semangat Persatuan dan Kesatuan dalam Berkarya Nyata Membangun Kota Yogyakarta"

Miterat pangarsaning panitya jarwaning irah-irahan sawau Sekaten kaangkah minangka umpaking amangun agami saha ritual budaya,sampun ngantos sekaten nggiwar saking ancas lan tujuwan minaggka warisan budaya ingkang kebak paugeran luhur, "nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake" kadidene duking uni pra Wali ngronce sekaten minangka media dakwah

Rerangkening PMPS 2009, Ketingal gebyar-gebyar, soroting lampu
sinawang saking mandrawa kadya sunaring kartika neba.
Alun-alun saestu benten kaliyan dunung wangunipun
sakawit minangka papan wingit. Alun-alun ingkang
kasumadyaaken minangka papan "tapa pepe", ngore-ore
hangrantu rereping paseban njawi ing wekdal samangke
sampun malik grembyang dados papan hamiyak gumyak
suka-suka kebak sesawangan endah maneka warni.

Para sudagar ahli dagang saking pundi pundi papan samya
mlumpuk gapruk sora rebut unggul tawa-tawa
daganganipun. Pepak andher nggennya tata dedagangan
tumpang tritis, adu dhengkul, jejel riyel sesimpingan
sisih-sisihan, sinawung para rwuh lan pamirsa ingkang
ilir mendah lur tan ana kendhate. PMPS 2009 ing wanci
dalu, lumer gumer-gumer, dhedhak menir siti sewu
makempal samya hamanggihaken rasa, pendah sata manggih
krama.

Sawetawis gegambaran ribet, ruwet, ramenipun PMPS 2009
saget kangge gegambaran saha lelimbangan menggah
makna, ancas lan tujuwan Sekatenan ingkang
satahunipun. Ewasemanten PMPS 2009 samangke kasumanggaaken
dhumateng sadhengah para lebda, winasis, saha
pangembating praja, mugi kersa paring pambiji kanthi
pratitis, sumela kawicaksanan jangkep, matemah PMPS 2009
tetep hanggung paramarta mahanani reja, dados
papan pariwisata raga lan jiwa, tanpa lirwa ugi saget
kangge papan pangupa jiwa.

Nuwun.

NGayoja, 5 Februari 2009
Kijoogo Nonton Sekaten

0 komentar:

Posting Komentar

Sugeng Rawuh, lenggah sekeca kaaturan segahan sedhah kinang utawi dhahar ses, sinartan imbal wacana saha paring dhawuh panyaruwe.

Maturnuwun aturipun panyaruwe, sampun katampi kanthi sae, tumunten badhe kula aturaken nawala balesan.