Sugeng Rawuh

Home Refinance Loanpamartajawa ayo-ayo samya udhu "wiji" klungsu, dhudhah-dhudhah budaya jawa, jajag-jajag kedhunge basa, pawitan suku jaja ateken janggut, pawadan sregep tinon lan takon, cukla-cukli mbremana sandhi, pancadan sumarah manembah mring kersane Hyang Widhi Wasesa. dimen lestari jiwa jawi wani anjawani anjarwani...

Readmore

Sugeng Rawuh Sanggar Sastra Jawa, Ketoprak, Wayang, Pranatacara, paes lan tari, Yudhistira 5, Banguntapan, Bantul, Ngayogyakarta....

Readmore

Urip Sejati, Sejati Urip Urip iku rasa, rasa iku urip, urip tanpa rasa iku reca. wira wiri ora rumangsa wirang karana wus ilang rasane den samudana ora krasa, direrepa ora rumangsa, disendhu ora digugu, dipenggak nyangkal tenggak, digatra sansaya ndadra Atine tan tanggap, esmune sepi ing sasmita, meguguk mangutha waton, mbondhan tanpa ratu watake pekok tan kena ginepok alok, sikepe mbedhug boten kinukup ing gludhug

Readmore

Selasa, 03 Februari 2009

Sambarabdhura-Manohara

hongilaheng, awigna mastu purnama sidham...
Lampahing kampuh manohara ing altar asobdya mangiring pasugatan sendratari "Mahakarya Borobudur" srumuwus lebda sinampur ganda marganda rum lir bale marcukundha tinata hamawur kembang cempaka cahya nur chaya swasana kinanthi lebda wiwaha andrawina, mangesthi hastuning pepuja kalbu mangayu-ayu- manguyu-uyu, suka-suka karana karenan ing mardi siwi.

Saestu eca datan rinaos sekeca kula kumalungkung kumawantun jajar hamrabu panjenenganipun ShanonHsieh-Heng Lee, Van Jeng, Ken Wu, Chen, saha AntonioTavares, para narendra jawara ingkang pantes pinunjung segahan sedhah kinang pakurmatan. Wimbuh dhasar Sang Hyang Pratanggapati wus ngancik wanci surup, memanonira gya sumusup bantala, larap-larap sumilir anglalir lampahing maruta, sawatawis sepining sepen mengeng kapenggak ungeling gendhing Sri Rahayu saha Ketawang Puspawarna pratandha hadicara pawiwahan sampun binuka.

Panggeng-panggung- panggunggung sewu soca runtut obahing kandha, kandha manut lakuning carita, carita tumuju pesthining jarwa. "Mahakarya Borobudur" sigrabinabar, repepeh-repepeh jantraning suku pra bedayan seblak sampur lengkung bengkung, hanglengkeh ing lengkehing Boro-Budur, keplok binarung kaliyan sigraking pra pradangga ngolah lokananta, sinawang saking mandrawa pindha swarga loka tinarub janur sotya.......

..Sinebat ing adicara kinocap dening pranata kandha bilih para paraga among beksa "Mahakarya Borobudur" saking STSI Surakarta sinengkuyung Paguyuban Seniman-seniwati kanan kering Borobudur.
Wau ta beksan sampun pinacak simping anraju, tumapak kapijisiji-siji hanjala niti mecaki sadawaning margi, anglela paring sugata ameng-ameng ngenggar-enggar landheping panggraita, solahing bawa angendanu olahing rasa pangrasa, eling jaman Syailendra nun lelangen lelangunan ing pojoking netra nalika Sang Prabu Smaratungga kadherekaaken Gunadharma gya amiwiti amangun wewangunan Borobudurnaminya.

Methik carita, munggel adeging beksan Mahakarya Borobudur, swawi kacarita sela gilang ginotong robyong-robyong saking redi malela, mawrata kandha menawa Sang Raja jaman iku sinuyudan mring kawuladasih, kacihna sedaya kawula tumandhang grayang kanthi suka tanpa tinandhingan panjelih sedih.
Karana adeging Borobudur linambaran bebatur atosing balung wuleting kulit, geter pangolahing rasa laku mrawira, japa mantra donga sakamat tan kendhat kinelun kukusing dupa maneges mring Hyang Sukma kawekas, pramila limrah menawi cakriking Borobudur kRata Penuhaton weweg wingit, mrebawani lir sinanggulan makutha, elok adi, anggeganda rum dumugi nagri Rum malah sasapaa alok menawi esti mangambar-ambar makantar-kantar warata ing saindenging bawana.

Murba wibawa pantes Borobudurkukuh sinengguh jinara menter dados paseksen mubeng-mingering kahanan donya wus langkung saking dwi abad laminya..... ..

Borobudur, 30-Agustus 2006
Risang Jogogati

0 komentar:

Posting Komentar

Sugeng Rawuh, lenggah sekeca kaaturan segahan sedhah kinang utawi dhahar ses, sinartan imbal wacana saha paring dhawuh panyaruwe.

Maturnuwun aturipun panyaruwe, sampun katampi kanthi sae, tumunten badhe kula aturaken nawala balesan.