Sugeng Rawuh

Home Refinance Loanpamartajawa ayo-ayo samya udhu "wiji" klungsu, dhudhah-dhudhah budaya jawa, jajag-jajag kedhunge basa, pawitan suku jaja ateken janggut, pawadan sregep tinon lan takon, cukla-cukli mbremana sandhi, pancadan sumarah manembah mring kersane Hyang Widhi Wasesa. dimen lestari jiwa jawi wani anjawani anjarwani...

Readmore

Sugeng Rawuh Sanggar Sastra Jawa, Ketoprak, Wayang, Pranatacara, paes lan tari, Yudhistira 5, Banguntapan, Bantul, Ngayogyakarta....

Readmore

Urip Sejati, Sejati Urip Urip iku rasa, rasa iku urip, urip tanpa rasa iku reca. wira wiri ora rumangsa wirang karana wus ilang rasane den samudana ora krasa, direrepa ora rumangsa, disendhu ora digugu, dipenggak nyangkal tenggak, digatra sansaya ndadra Atine tan tanggap, esmune sepi ing sasmita, meguguk mangutha waton, mbondhan tanpa ratu watake pekok tan kena ginepok alok, sikepe mbedhug boten kinukup ing gludhug

Readmore

Senin, 23 Maret 2009



Wayangan Ing Sanggar Bodronoyo


Malem minggu wingi ( 21/3/09), Sanggar Seni Bodronoyo, Girimulyo Kulon Progo ngadani pasugatan ringgit wacucal kang mujudake adicara ajeg saben wulan sepisan. Wayangan bengi iku ginelar runtut kaya adad saben kawiwitan tabuh wolu bengi binuka kanthi uyon-uyon gendhing pambuka lan soran, dening niyaga Laras Madya Wirama.


Pepak andher pra kadang sanak waruju sakiwa tengen sanggar kang rawuh amirsani pasugatan, jarene kanggo nyapih kahanan lan golek pangarem-arem lejaring ati. Pancen gelaring seni wayang ing sanggar Bodronoyo mono kaajab bisa migunani tumrap sedulur tangga teparo ujube kanggo asung wewengan palipur sokur bisa nut ilining sedya melu angleluri kabudayan adiluhung


Wayangan pendhak sasi sepisan sanggar Bodronoyo iku uga dadi ajang gladhen siswa-siswa pamulangan dhalang Habiranda. Kraton Ngayogyakarta. Para siswa pamulangan Habiranda rumangsa antuk sembulih kang becik, karana bisa nggladhi ngelmu lan kaprigelan ing papan iku, karana ora akeh papan kang sinedya cumawis kanggo ngasah kaprigelan dhalang. Mula saka iku sanggar Bodronoyo asung papan sak ubarape gangsa lan wayang kanggo gladhen dhalang. Nanging wus ana wewaler baku kang sinerat menawa gelaring pasugatan ringgit wacucal mau kudu tansah ngugemi pakem lan ora nalisir saka wewaton wayangan gagrag ngayojakarta. Saupama ana guyon lan garap gendhing kudu winates, werdine murih anggone nggelar lakon bisa tatas, antawecana lan sastra sansaya kaasah titis terwaca.


Wondene ingkang ngasta minangka dhalang bengi iku, panjenengane Ir. Suryono. M.Phil, salah sawijining dosen Fakultas Teknik ing pawiyatan luhur UGM. Mungguh lakon kang digelar yaiku Samba Sebit. Miturut pamawas sing dak runggu, Ir Suryana wus lumayan ing babagan sabet, sanggit lan sastra, nanging isih kudu sinau kanthi temen bab suluk. Bengi iku Ir. Suryono nampa sampur minangka dhalang, njangkepi urutan kang kaping 16 periode pentas tahun 2008- 2009. Gunggunge dhalang kang kagatra urut kacang ana 22, tegese isih ana 6 dhalang maneh kanggo mungkasi periode pentas tahun 2008-2009. Mengkono sawetara khabar saka Sanggar Bodronoyo. Nuwun

0 komentar:

Posting Komentar

Sugeng Rawuh, lenggah sekeca kaaturan segahan sedhah kinang utawi dhahar ses, sinartan imbal wacana saha paring dhawuh panyaruwe.

Maturnuwun aturipun panyaruwe, sampun katampi kanthi sae, tumunten badhe kula aturaken nawala balesan.