Sugeng Rawuh

Home Refinance Loanpamartajawa ayo-ayo samya udhu "wiji" klungsu, dhudhah-dhudhah budaya jawa, jajag-jajag kedhunge basa, pawitan suku jaja ateken janggut, pawadan sregep tinon lan takon, cukla-cukli mbremana sandhi, pancadan sumarah manembah mring kersane Hyang Widhi Wasesa. dimen lestari jiwa jawi wani anjawani anjarwani...

Readmore

Sugeng Rawuh Sanggar Sastra Jawa, Ketoprak, Wayang, Pranatacara, paes lan tari, Yudhistira 5, Banguntapan, Bantul, Ngayogyakarta....

Readmore

Urip Sejati, Sejati Urip Urip iku rasa, rasa iku urip, urip tanpa rasa iku reca. wira wiri ora rumangsa wirang karana wus ilang rasane den samudana ora krasa, direrepa ora rumangsa, disendhu ora digugu, dipenggak nyangkal tenggak, digatra sansaya ndadra Atine tan tanggap, esmune sepi ing sasmita, meguguk mangutha waton, mbondhan tanpa ratu watake pekok tan kena ginepok alok, sikepe mbedhug boten kinukup ing gludhug

Readmore

Selasa, 22 Desember 2009

Maturnuwun Gusti Yesus


Dhuh Gusti Allah, Gusti ingkang Maha Mirah ingkang dhedhampar ing Kratoning Kasuwargan ingkang Mulya saha Langgeng, saestu Paduka Pangeran ingkang kawula sembah, Gusti Allah ingkang Maha Welas Asih, kepareng dhuh Gusti kawula marek sowan wonten ing ayunan Paduka, inggih namung badhe ngaturaken agunging pamaturnuwun, kacihna Paduka mboten negaaken saha nelaaken kawula nandhang kacingkrangan, dinten punika Rabu, 23 desember 2009, Paduka kersa paring berkah arupi rejeki mirunggan, rejeki ingkang saestu boten kawula kinten saderengipun, maturnuwun dhuh Gusti, mugi rejeki peparing paduka punika saestu tansah damel berkah brayat kawula, ndadosaken kawula sami sumarah, tumungkul, enget saha ngrenggani punapa ingkang dados paugeran Paduka. 

Langkung saking punika dhuh Gusti, mugya Paduka tansah kersa paring panuntun murih kawula tansah saget kasampiran manah sabar, saha ngaturaken puja puji panuwun ing kawontenan punapa kemawon. Kawula ugi ndherek ndedonga, sepinten kawontenanipun sedherek-sedherek kawula ing pundia papan, ingkang ing wekdal punika boten saget nampi kabagyan kados dene ingkang kawula raosaken, mugya Paduka ugi tansah welas, matemah sedherek-sedherek kawula sawau ugi pikantuk panglipur jati, ingkang sami kados dene ingkang kawula raosaken. Gusti Yesus, kersa paring wewarah murih kawula tansah enget bilih sedaya punika inggih namung kundur kangge Kaluhuran saha kuncaraning Asma Paduka. 


Oh, Gusti Yesus, Roh Suci Paduka sampun ngantos pegat uwal saking manah kawula sami, kawula tansah nyuwun panuntun, matemah kawula saget nglampahi tanggel jawab panggesangan ingkang saestu nyondhongi kaliyan Karsa Paduka kemawon. Gusti Allah mugi nebihaken kawula sami saking sedaya godha rencana saha piawon. Nyuwun berkah dhuh Gusti.

Dhuh Gusti Yesus ingkang Maha Asih, sepinten agenging dosa saha kalepatan ingkang sumela ing gesang kawula, mugya Paduka kersa paring sing pangapunten, sedaya atur panuwun, pamuji sokur saha pasambat panyuwunan punika kawula aturaken, kanthi landhesan tlenan piandel kapitadosan, bilih Gusti Yesus saestu Allah ingkang Maha Sih, ingkang kersa ngurbanaken raganipun, inggih namung kangge nebus dosa-dosa manungsa, brayat pinuji ingkang nunggil kapitadosan. Maturnuwun dhuh Gusti Yesus. Haleluya, Amin


kijogogati.blogspot.com

0 komentar:

Posting Komentar

Sugeng Rawuh, lenggah sekeca kaaturan segahan sedhah kinang utawi dhahar ses, sinartan imbal wacana saha paring dhawuh panyaruwe.

Maturnuwun aturipun panyaruwe, sampun katampi kanthi sae, tumunten badhe kula aturaken nawala balesan.