Sugeng Rawuh

Home Refinance Loanpamartajawa ayo-ayo samya udhu "wiji" klungsu, dhudhah-dhudhah budaya jawa, jajag-jajag kedhunge basa, pawitan suku jaja ateken janggut, pawadan sregep tinon lan takon, cukla-cukli mbremana sandhi, pancadan sumarah manembah mring kersane Hyang Widhi Wasesa. dimen lestari jiwa jawi wani anjawani anjarwani...

Readmore

Sugeng Rawuh Sanggar Sastra Jawa, Ketoprak, Wayang, Pranatacara, paes lan tari, Yudhistira 5, Banguntapan, Bantul, Ngayogyakarta....

Readmore

Urip Sejati, Sejati Urip Urip iku rasa, rasa iku urip, urip tanpa rasa iku reca. wira wiri ora rumangsa wirang karana wus ilang rasane den samudana ora krasa, direrepa ora rumangsa, disendhu ora digugu, dipenggak nyangkal tenggak, digatra sansaya ndadra Atine tan tanggap, esmune sepi ing sasmita, meguguk mangutha waton, mbondhan tanpa ratu watake pekok tan kena ginepok alok, sikepe mbedhug boten kinukup ing gludhug

Readmore

Jumat, 18 Desember 2009

TIRAKATAN SURAN, MAMPIR NONTON KI BENYEK


TIRAKATAN SURAN, MAMPIR NONTON KI BENYEK

Penake dadi pengamat seni, nandi-nandi mung udhu cocot lan menang nyacat, nanging iki ora ateges idu ngreridu adol pangalembana, pancen Benyek mayange sansaya suwe sansaya resik, tatas-titis antawecana, saka sanggit sing lungit nganti garap gendhing disiapake kanthi premati. Mula ora gumun menawa para pamirsa tetep betah wungon lan tinon nganti buntasing lakon “Dewa Ruci” ngiras pantes tirakatan mangayubagya warsa anyar 1 Muharam 1431 Hijriah.

Ki Benyek pancen kalebu dhalang mudha sing potensial, eksplorasi seni, terobosan lan eksperimen garapan pedhalangan wis wola-wali oleh pambiji kang apik saka para pengamat seni pakeliran. Nanging ora lali Ki Benyek uga tetep kukuh nyekeli pakem, ora glirwaake menawa wayang iku kabudayan sing adiluhung kang ora pantes banget-banget kanggo guyon lan jag-jagan, mula crita sanggit mesthi dadi kawigaten sing baku. 

Kanyata, sananjan ta Ki Benyek nggawa bala pangamping sindhen sing prigel ngolah lelagon dhangdhut lan Campur Sari, nanging satemene iku mung kanggo kembangan leladi murih para pamirsa mudha bisa nampa lan seneng marang wayang, ora keglithuk seni budaya manca. 

Dhasar papan pasugatan bawera, jembar tur gasik, sajake kampung Gamping Tengah papane Ki Benyek mbabar kasantikan ngolah seni pedhalangan iku, isih padha ngugemi lan nguri-uri kabudayan jawa, khususe ringgit purwa. Panitia wus nyamektaake klasa kanggo lenggahan para pamirsa, mula para pamirsa mau lenggah jajar sila tumpang, adu dhengkul teka hamblabar munggeng kebonan. 

Aku thenguk cedhak wit benguk nonton Ki Benyek mung udakara 2 jam, karana isih ana jejibahan liya sing kudu tak rampungake, mula sabubare perang kembang aku lengser mbadal pasilan saka sor wit gedhang, kanthi nggawa ati sing seneng, mongkog lan bombong, geneya Ngayogya sansaya akeh dhalang mudha sing bakal nerusake kabudayan jawa khususe seni pakeliran ringgit purwa, murih ora cures kalindhes ombyaking jaman. 

Nuwun
Kijogogati 



kijogogati.blogspot.com

0 komentar:

Posting Komentar

Sugeng Rawuh, lenggah sekeca kaaturan segahan sedhah kinang utawi dhahar ses, sinartan imbal wacana saha paring dhawuh panyaruwe.

Maturnuwun aturipun panyaruwe, sampun katampi kanthi sae, tumunten badhe kula aturaken nawala balesan.